SUMIMPEN ING RASA
dening: Wita Kurniawati, S. Si
Ndakrakit gurit alit,
Nalika rasa iki kepengin njerit,
Kabeh ora bisa kabiji saka tata lair,
Katresnan lan rasa tansah dlukir,
Raga lan nyawa minangka bukti,
Kanggo anak gegantilaning ati.
Ndakrakit gurit kapang,
Nalika rasa iki kumleyang,
Kepengin ndakkekep ing dhadha,
Kebak katresnan lan rasa,
Eling nalika raga iki isih dadi bayi abang,
Tansah dikudang mumbul ing awang-awang.
Ndakrakit gurit sepi,
Nalika rasa iki kepengin nyuntak wadi,
Puluhan taun ndaksimpen ing ati,
Sewu rasa nggunung watu dadi siji,
Bungah, susah, mangkel, kengen nyawiji,
Kanggo ibuku, wanita mbakyuku, kang ndaktresnani.
(Djaka Lodang 22 Agustus 2009 kaca 35)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar